A. Tegese
Tembang Macapat
Biasane
tembang macapat duweni teges maca papat-papat maksude cara macane selaras papat
wanda (suku kata). Nanging tegese tembang macapat ora mung iku amarga ing
prakteke, ora kabeh tembang macapat bisa ditembangake papat-papat wanda. Macapat
uga duwe teges tembang utawa puisi tradisional jawa kang duweni paugeran:
guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
1. Guru
Gatra, yaiku cacahing gatra/ larik saben sapada (bait)
2. Guru
Wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
3. Guru
Lagu, yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra
Tuladha:
GAMBUH
Sekar
gambuh ping catur (
7 u)
Kang cinatur,
polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur
katula tula katali (
12 i)
Kadaluwarsa
katutuh (
8 u)
Kapatuh
pan dadi awon (8
o)
Maksude:
a. Guru
gatra : 5 gatra
(1) Sekar
gambuh ping catur
(2) Kang cinatur,
polah kang kalantur
(3) Tanpa tutur
katula tula katali
(4) Kadaluwarsa
katutuh
(5) Kapatuh
pan dadi awon
b. Guru
wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
Se-kar gam-buh ping ca-tur è 7
Kang ci-na-tur, po-lah kang ka-lan-tur è 10
Tan-pa tu-tur ka-tu-la tu-la ka-ta-li è 12
Ka-da-lu-war-sa ka-tu-tuh è 8
Ka-pa-tuh pan da-di a-won è 8
c. Guru
Lagu : u, u, i, u, o
Sekar gambuh ping catur è u
Kang cinatur, polah kang kalantur è u
Tanpa tutur katula tula katali è i
Kadaluwarsa katutuh è u
Kapatuh pan dadi awon è o
B. Tanda-Tanda
Tembang Macapat
1. Nanggo
paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
2. Bahasane
basa jawa anyar
3. Bisa ngadeg
dewe tanpa iringan gendhing
C. Gunane Tembang Macapat
1. Kanggo
kasustraan jaman saiki
2. Kanggo
mbawani gendhing
3. Kanggo
ngarang kapustakan jawi
4. Kanggo
lagu kethoprak lan wayang wong
5. Kanggo
parikan lan dagelan
D. Jenis Tembang
Macapat
Tembang
macapat jenise ana 11 tembang. Miturut pitutur wong tuo jelasake yen sewelas
tembang mau nggambarake tahap-tahape urip manungsa saka alam ruh nganthi sedo. Ing
ngisor iki jenise 11 tembang macapat lan panjelasane yaiku:
1. Maskumambang
Maskumambang asal tembunge saka mas lan
kumambang. Mas utawa emas duweni teges barang kang ana regane lan wigati
banget. Kang dimaksud yaiku anak. Dene kumambang utawa ngambang, nggambarake bayi
(anak) kang urip kumambang ana ing rahime sang ibu.
2. Mijil
Miji duweni teges metu. Ing tahapane urip
sing dimaksud yaiku nggambarake metune si jabang bayi kang diarani manungsa.
3. Kinanthi
Kinanthi asal tembunge saka kanthi utawa
tuntun. Tegese ngambarake uripe anak kang isih butuhake tuntunane wog tuo.
4. Sinom
Sinom nggambarake anak kang mulai pubertas.
5. Asmaradhana
Asmaradhana nggambarake anak kang kena
asmara
6. Gambuh
Gambuh nggambarake anak ing tahap nyambung
ikatan sacral (pernikahan)
7. Dhandanggula
Dhandanggula seko tembung gegadhangan lan gula . Gegadhangan kang tegese
pengarep-arep (harapan, cita-cita, angan). Dene gula iku nggambarake rasa legi,
manis.
8. Durma
Durma nggambarake wong kang entuk
kanikmatan saka Gusti kang Maha Agung.
9. Pangkur
Pangkur nggambarake wong kang mulai
mungkur saka saka samubarang kadonyan. Sahingga pangkur duweni isi
pitutur-pitutur kanggo anak utawa wong kang luwih nom.
10. Megatruh
Megatruh saka tembung megat lan ruh. Megat
utawa pegat tegese pisah, yen ruh tegese nyawa. Dadi megatruh duwe teges pisahe
nyawa saka ragane.
11. Pocung
Pocung saka teges pocong utawa wong kang
sedo/ tilar dunyo. Miturut isine, tembang pocung duweni 2 jenis, yaiku:
a. Pocung
kang isine Nasehat
Tuladha:
POCUNG
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
b. Pocung
kang isine bedekan (teka-teki)
Tuladha:
POCUNG
Bapak pocung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ulo
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pocung mung turut kutha
Kunjungi juga:
Bentuk dan Pola Irama Pada Lagu
Operasi Hitung Bilangan Cacah
Mengenal Bangun Datar
Mengenal Gambar Dekoratif
Mengenal Tembang Dolanan