Minggu, 17 Mei 2020

TEMBANG MACAPAT



A.   Tegese Tembang Macapat
Biasane tembang macapat duweni teges maca papat-papat maksude cara macane selaras papat wanda (suku kata). Nanging tegese tembang macapat ora mung iku amarga ing prakteke, ora kabeh tembang macapat bisa ditembangake papat-papat wanda. Macapat uga duwe teges tembang utawa puisi tradisional jawa kang duweni paugeran: guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
1.    Guru Gatra, yaiku cacahing gatra/ larik saben sapada (bait)
2.    Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
3.    Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra

Tuladha:

GAMBUH
Sekar gambuh ping catur                                ( 7 u)
Kang cinatur, polah kang kalantur                 (10 u)
Tanpa tutur katula tula katali                           ( 12 i)
Kadaluwarsa katutuh                                       ( 8 u)
Kapatuh pan dadi awon                                   (8 o)

Maksude:
a.    Guru gatra : 5 gatra
(1)      Sekar gambuh ping catur
(2)      Kang cinatur, polah kang kalantur
(3)      Tanpa tutur katula tula katali       
(4)      Kadaluwarsa katutuh                   
(5)      Kapatuh pan dadi awon   

b.    Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
Se-kar gam-buh ping ca-tur                            è 7
Kang ci-na-tur, po-lah kang ka-lan-tur          è 10
Tan-pa tu-tur ka-tu-la tu-la ka-ta-li                 è 12 
Ka-da-lu-war-sa ka-tu-tuh                               è 8
Ka-pa-tuh pan da-di a-won                             è 8

c.    Guru Lagu : u, u, i, u, o
Sekar gambuh ping catur                                   è u
Kang cinatur, polah kang kalantur                   è u
Tanpa tutur katula tula katali                             è i
Kadaluwarsa katutuh                                         è u
Kapatuh pan dadi awon                                     è o





B.   Tanda-Tanda Tembang Macapat
1.    Nanggo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
2.    Bahasane basa jawa anyar
3.    Bisa ngadeg dewe tanpa iringan gendhing

C.    Gunane Tembang Macapat
1.    Kanggo kasustraan jaman saiki
2.    Kanggo mbawani gendhing
3.    Kanggo ngarang kapustakan jawi
4.    Kanggo lagu kethoprak lan wayang wong
5.    Kanggo parikan lan dagelan

D.   Jenis Tembang Macapat
Tembang macapat jenise ana 11 tembang. Miturut pitutur wong tuo jelasake yen sewelas tembang mau nggambarake tahap-tahape urip manungsa saka alam ruh nganthi sedo. Ing ngisor iki jenise 11 tembang macapat lan panjelasane yaiku:
1.    Maskumambang
Maskumambang asal tembunge saka mas lan kumambang. Mas utawa emas duweni teges barang kang ana regane lan wigati banget. Kang dimaksud yaiku anak. Dene kumambang utawa ngambang, nggambarake bayi (anak) kang urip kumambang ana ing rahime sang ibu.
2.    Mijil
Miji duweni teges metu. Ing tahapane urip sing dimaksud yaiku nggambarake metune si jabang bayi kang diarani manungsa.
3.    Kinanthi
Kinanthi asal tembunge saka kanthi utawa tuntun. Tegese ngambarake uripe anak kang isih butuhake tuntunane wog tuo.
4.    Sinom
Sinom nggambarake anak kang mulai pubertas.
5.    Asmaradhana
Asmaradhana nggambarake anak kang kena asmara
6.    Gambuh
Gambuh nggambarake anak ing tahap nyambung ikatan sacral (pernikahan)
7.    Dhandanggula
Dhandanggula seko tembung gegadhangan  lan gula . Gegadhangan kang tegese pengarep-arep (harapan, cita-cita, angan). Dene gula iku nggambarake rasa legi, manis.
8.    Durma
Durma nggambarake wong kang entuk kanikmatan saka Gusti kang Maha Agung.
9.    Pangkur
Pangkur nggambarake wong kang mulai mungkur saka saka samubarang kadonyan. Sahingga pangkur duweni isi pitutur-pitutur kanggo anak utawa wong kang luwih nom.
10. Megatruh
Megatruh saka tembung megat lan ruh. Megat utawa pegat tegese pisah, yen ruh tegese nyawa. Dadi megatruh duwe teges pisahe nyawa saka ragane.
11. Pocung
Pocung saka teges pocong utawa wong kang sedo/ tilar dunyo. Miturut isine, tembang pocung duweni 2 jenis, yaiku:
a.    Pocung kang isine Nasehat
Tuladha:
                   POCUNG
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese  kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara

b.    Pocung kang isine bedekan (teka-teki)
Tuladha:
                   POCUNG
Bapak pocung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ulo
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pocung mung turut kutha



Kunjungi juga:

Bentuk dan Pola Irama Pada Lagu
Operasi Hitung Bilangan Cacah
Mengenal Bangun Datar
Mengenal Gambar Dekoratif
Mengenal Tembang Dolanan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar