Kamis, 07 Mei 2020

TEMBANG DOLANAN


TEMBANG DOLANAN

Sumber Gambar: https://images.app.goo.gl/S1b9QpcxeRcp7Ciy7

A.   Tegese Tembang dolanan
Tumrap kelas ngisor kayata kelas1, kelas 2,  lan kelas 3 ditepungake kalawan tembang dolanan yaiku jenising tembang prasaja (sederhana) kang lumrahe ditembangake bocah-bocah cilik ing desa sinambi dolanan bebarengan kanca-kancane.  Tembang dolanan isine ngenalake bocah marang bab sato kewan, sato iwen, thetukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane.
Tembang dolanan duweni teges kang beda-beda kayata:
1.    Temannga dolanan tegese lagu kang ditembangake marang bocah-bocah cilik
2.    Tembang dolanan uga duweni teges lelagon kanggo dolanan bocah
3.    Tembang dolanan yaiku lagu kang isine utawa cangkepane jumbuh karo umure bocah cilik lan gambarake rasa seneng, ngemot patuladhan, lan panggulawenthah.
Nalika nebang tembang dolanan, supaya solah bawa (jejogedan) bisa laras karo cakepane (isine tembang) perlu gathekake babagan ing ngisor iki:
1.    Wicara, yaiku swara utawa dhong-dhinge basa
2.    Wirama, yaiku kendho kencenge olehe nabung tetabuhan
3.    Wirasa, yaiku cocok utawa penere karo isining tembang
4.    Wiraga, yaiku jumbuhing solah bawa obahing awak, polatan, lan rasa
Tembang dolanan uga duweni titikane utawa cirine, yaiku:
1.    Basane prasaja (sederhana)
2.    Cengkok utawa wilet tembang uga prasaja
3.    Cacahing gatra utawa larik winates utawa sithik
4.    Rasane lagu seneng
5.    Isine tembang ngemot: pathuladan, budi pekerti, tata Susila, lan panggulawenthah.

B.   Tuladha Tembang Dolanan
1.    Gundhul- Gundhul Pacul

Gundhul- gundhul pacul cul, gembelengan
Nyunggi- nyunggi wakul kul, gembelengan
Wakul gelimpang segane dadi saklatar
Wakul gelimpang segane dadi saklatar

Pitutur luhur tembang Gundhul- gundul pacul, yaiku:
a.    Aja duwe watak umuk
b.    Yen nyambut gawe aja sembrana
c.    Sapa sing sembrana bakal cilaka

2.    Sluku- Sluku Bathok

Sluku-sluku bathok, bathoke ela-elo
Sirama menyang solo, leh olehe payung motha
Majenthit lola lobah, wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit

Pitutur luhur tembang Sluku-sluku bathok, yaiku:
a.    Supaya padha ngibadah
b.    Yen lagi ngibadah sing khusuk nganthi kaya dene sesok bakal seda
c.    Yen lagi makarya sing sengkut, kaya dene bakal urip salawase






~ Semangat Belajar ~
😉





Baca juga artikel lainnya:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar